21
Jan
09

GEGURITAN TELOISM

Rosichin M.

Geguritan Teloisme/Teloistik: geguritan ingkang rupa lan isine kayadene woh telo (buah ketela). Tetengeripun ingkang paling ketingal sangking woh telo meniko rupane sakarepe mboten aturan, unik, lan sawontene. Isine melu manut rupane.

geguritan teloisme rupane kayadene …

WAYAH SURUP


Nalika wayah surup

srengenge alon-alon ilang saking paningalan menungsa

mlebet ing lemah jagat

setan-setan sami guyub

rame-rame metu omah

mlampah ing margi-margi sadoyo papan

utaminipun papanpapan sepen

asering dinggeni tiangtiang

ingkang remen nglampahi makarya awon

supados dinten mbenjang saged dados rencang ing neraka

Nalika wayah surup

setan-setan sami guyub nggudo sinten kemawon

ingkang makarya kebacikan

ugi mboten ajrih mbeda

tiangtiang ingkang kandel imane mboten owah takwane

Setan-setan saben-saben wayah

tansah nggudo tiangtiang

supados saged dados rencang ing alam dunyo lan aherat

Nalika wayah surup

tiang ingkang radi ayem tentrem

inggih meniko tiang ingkang mboten medal saking griyo

sami wirid eling dumateng Kang Moho Kuaos

29-10-02



WONG


Sa’benere saben wong

kudune ngewongke wong

ora keno ora

ora keno towo

Saiki akeh wong

ora ngewongke wong

urip sakarepe dewe

ora petung liyane

Sa’ apik-apike wong

wong kang ngewongke wong

sawise madep mantep

marang kang Agung

Sajake ora angel

wong ngewongke wong

yen ngerteni deweke wong

dudu kewan dudu setan

28-01-03



OJO NGANTI LALI

ojo nganti lali marang awake dewek

mengko bisa sengsara uripe

sopo wonge sing wani sengsara uripe

bakal bisa mulya uripe

ora ono wong sing ora pengin mulya uripe

kejobo wong sing ora duwe urip

05-05-2009


6 Tanggapan ke “GEGURITAN TELOISM”


  1. 1 Mustangin
    Januari 24, 2009 pada 2:10 am

    Ya, setuju 100%

  2. 2 endang
    Februari 10, 2009 pada 3:21 am

    puisi teloismenya bagus, apa puisi teloisme itu juga akan ikut arus zaman, membuat orang yang menulis dan membacanya ikut terbawa arusnya (Karakteristik yang menonjol dari buah telo, bentuknya tidak beraturan, unik, alami. Isinya mengikuti bentuknya) atau akan membuat arusnya sendiri, berdiri tegar ditengah perubahan zaman meski bentuknya mengikuti zaman???.

  3. Februari 25, 2009 pada 8:42 am

    yok ra ngono… telo iku bentuke kaya apa wae, isine tetep putih

  4. Februari 25, 2009 pada 1:58 pm

    terima ksih..
    salam kenal, achyar unpad

  5. 5 pak de
    Mei 4, 2009 pada 4:37 am

    hahahahaha…..
    opo wong sing nulis iku wis iso nguwongke wong ?????
    opo sing nulis iku wis ora diuwongke wong ?????
    hehehehehe………………..

  6. Juni 13, 2009 pada 10:21 am

    Hehehe…
    Ada bahasa jawa nya yaa?…
    G’ ngerti >,<

    Kedai


Tinggalkan Balasan

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Ubah )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Ubah )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Ubah )

Connecting to %s


Ikuti

Get every new post delivered to your Inbox.